1. Sesorah Perpisahan
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kula urmati, sumawana para putra-putra mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya. Saderengipun kula matur wonten ing ngarsa panjenengan, langkung rumiyin kula nyuwun agunging sih samodra pangaksama, awit kula kumawantun, ngadeg ing ngarsa panjenengan sami.
Alhamdulillah ing enjing menika kita sedaya saged kempal sesarengan ing kampus SMA N 10 ingkang kita remeni menika. Kita sedaya ngempal ing kampus menika nggadahi maksud utawi tujuan ingkang pokok, yaiku ngundhuraken para siswa kelas XII ing wulan April menika utawi luwih leresipun tanggal 22 dumugi 24 April tahun 2008 sampun ngrampungaken UNAS ingkang dados syarat utama kangge siswa SMA kangge ngelanjutaken ing jenjang luwih dhuwur.
Enjing menika, enjing ingkang ngerenyuhaken sanget kangge kita sedaya para hadirin. Menapa boten, ingkang slamanipun kita utawi teseh dados siswa mriki, kita kerep pethukan, sinau sareng, diskusi sareng, ing wayah sekedhap melih kita badhe pisahan. Nanging, kita kagungan pangajeng-ajeng supados perpisahan menika boten kita banjur “pedhot kekancan”. Supados kita teseh wonten rerembagan ingkang ageng kayata sakderengipun kita pisah.
Para rencang ingkang sedaya maksud lan tujuan dianaaken perpisahan menika botenn namung ngunduraken rencang-rencang kelas XII mawon, ananging luwih saking menika supados rencang-rencang tetep eling lan terus njagi rerencangan, inggih menika ing proses sinau utawi mlebet ing kegiatan sanes-sanesipun.
Para rencang ingkang badhe pisah menika, sejatinipun tugas para rencang menika luwih abot maneh, saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah dipunrampungaken. Mula kta kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon ongkang para erncang cita-citaaken saged dipuncapai. Boten namung kita mawon ingkang bangga menawi sukses, nanging Bapak lan ibu guru kita injih remen lan bangga.
Para sedherek sedaya, wayah saged damel kita sedaya saged kempal ing acara menika. Nanging wayah menika ugi ingkang misahaken kita sedaya. Kita namung saged mbales nggangge doa mugi-mugi sukses lan slamet lan mugi-mugi amal tuwin kesaenanipun para Bpak lan Ibu guru katampi ing sisihipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung.
Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kiranging atur mawantu-wantu kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
2. Sesorah Mangayubagya/Menerima Tamu pada Acara Pernikahan
Assalamu’alaikum wr.wb
Para sesepuh piniji sepuh ingkang satuhu kinabekten, para
pepundhen ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung
langkung dhumateng para pangemban – pamgembating praja ingkang pantes tinulad
sinudarsana. sumrambah dhumateng para rawuh sadaya ingkang cinaket ing manah
Ngengeti panjenengan sadaya dalasan kula titah sawantah
ingkang tansah kapurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila
sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken hangunjukaken puja – puji syukur
wonten ngarsa Gusti ingkang murba ing dumadi, awit berkah saha rahmatipun
ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula satemah ing ari
kalenggahan punika panjenengan sedaya lan kula saged kempal manunggal wonten
ing dalemipun Bapa Tarmudi tan manggih rubeda tuwin sambikala.
Para rawuh ingkang satuhu sulistyaning budi.
Keparenga kula ing mriki minangka sulih sariranipun
panjenengan bapa Tarmudi ingkang ri kalenggahan punika nembe hanetepi darmaning
asepuh nuninggih amiwaha siwi putra putrinipun ingkang nama risang Bagus Jono
jinatu krama kaliyan rara ayu Tumi atmaja putrinipun bapa Sadiman ingkang
lenggah pidalem ing Klaten. Wondene tumapaking ijab qobul sampun lumampah kala
wau enjing wonten ing Prambanan kanthi pranatan agami islam.
Wondene wosing gatos panjenengan sadaya katuran rawuh wonten
ing dalem mriki boten sanes badhe kasuwun pangestunipun sambet kalayan
hajatipun bapa Tarmudi Kalawau. Mugi-mugiya panjenengan sami kersa pianarak
lenggah dumugi purnaning adicara punika. Lan Bapa Tarmudi nyuwun gunging
samodra pangaksami awit saking papan palenggahan ingkang kasamudyaaken boten
mranani dhumateng panjenengan.
Mekaten pepuntaning atur, jenang sela wader kali
sesondheran, apuranta menawi lepat nyuwun pangapura. Waduk gajah mungkur
wanagiri, menawi wonten kladhuking atur nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamualaikum
3. Sesorah Pengetan Maulud Nabi Muhammad S.A.W
Assalamu’alaiku Warakhmatullahi Wabarakatuh
Ingkang
kula hormati bapak lurah utawi ingkang mewakili, bapak RT/RW minangka sesepuh,
sarta bapak-bapak ibu-ibu kaum muslimin kalihan muslimat sedaya.
Puji
syukur mugi kunjuk dumateng Allah S.W.T ingkang sampun maringi kita kasempatan
saengga kita saged makempal wonten acara menika. Sholawat sarta salam kita
aturaken dumateng Nabi Muhammad S.A.W, keluarga, sahabat, mugi-mugi lumeber dumateng
kita sedaya minangka pengikut Nabi Muhammad
Saben
taun, kita mengeti lahiripun nabi kita, Nabi Muhammad S.A.W. nabi Muhammad
lahir wonten tahun gajah tanggal 12 Rabiul Awal. Lahir saking Ibu Aminah
Bapakipun Abdullah ingkang sampun seda rikala Nabi Muhammad Lahir. Nabi
Muhammad dipun mong simbahipun ingkang asma Abdul Muthalib lan paklikipun Abu
Thalib.
Nabi
Muhammad nggadahi sifat ingkang sae. Inggih menika sidiq, amanah, fatonah,
tabligh. Ingkang sedaya wau saged kita conto. Kita minangka umatipun kedah
saged nderek ajaranipun Nabi Muhammad S.A.W. karana, sedaya piwucalipun tamtu
leres.
Kula
nggadahi pangajab. Kanthi kita asring nganaaken pengetan punika, kita saged
nderek ajaranipun Nabi Muhammad. Ajaranipun Nabi Muhammad saged kita conto
wonten gesang kita sedaya.
Cekap
semanten atur kula. Mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani
penggalih bapak lan ibusedaya, kula nyuwun pangapunten ingkang kathah.
Wassalamu’alaikum Warakhmatullahi Wabarakatuh
4. Sesorah Pangetan Sumpah Pemuda
Assalamualaikum wr.wb
Bapak
Kepala SMK N 1 Nanggulan ingkang kinurmatan,Bapak / Ibu guru ingkang kula
hormati, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Langkung
rumiyin sumaangga kula lan panjenengan ngaturaken puji syukur dumateng Gusti
Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan arupi kasarasan saengga ngantos
wekdal punika kula lan panjenengan sedayansaged kempal manunggal kangge
ngawontenaken adicara pengetan dinten Sumpah Pemuda wonten ing SMK N 1
Nanggulan.
Sholawat
saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad
SAW sarta para sedherekipun ingkang kita antu-antu syafa’atipun dumigi yaumul
akhir samangke. Amin
Para rawuh
ingkang dhahat kinurmatan , kula badhe caos atur sekedhik wonten pengetan
sumpah pemuda menika.Dinten Sumpah Pemuda sampun maringi bukti bilih nagari
Indonesia anggadahi tekad badhe nyawiji, nanging ing jaman sakmenika bangsa
Indonesia sampan supe kaliyan sejarah perjuangsn para pahlawan, saengga sejarah
tanggal 28 Oktober 1928 menika sampun anggadhahi faedah, kathah daerah badhe
ngedekake nagari piyambak lan lajeng misahaken saking negari Indonesia.
Mila,
wonten pengetan Sumpah menika kita dadosaken panggrengseng semangat kita sedaya
supados saged ningkataken payengkuyung pembangunan ingkang magepokaken kalian
kepentingan pemuda dados generasi penerus bangsa. Kawigatosan kangge
ningkataken pertumbuhan pemuda supados generasi bangsa kita kuat, sanes
generasi ringkih.
Pengetan
dinten Sumpah Pemuda menika nggadhahi teges kangge saenipun kualitas lan
nedahaken identitas jati dirinipun bangsa Indonesia. Bangsa ingkang ageng,
berkualitas, berwibawa, lan bermatabat.Pemuda dipuntuntut kreatif lan inovatif
kangge nglaksanakaken desentralisasi utawi otonomi daerah supados saged
nglairaken kebrhasilanipun pembangunan nasional Indonesia ingkang
maju,mandiri,demokrasi,lan adil.
Para rawuh
ingkang dhahat kinurmatan,cekap semanten atur kula mbokbilih wonten kalepatan
anggen kula matur kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb
5. Sesorah Halal Bihalal
Assalamu’alikum wr.wb
Bapak Kepala Sekolah SMA Negeri 1 Kebumen ingkang pantes
sinudarsana
Bapak Pengurus Komite Sekolah ingkang pantes pinundhi
Bapak / Ibu Guru tuwin sedaya Karyawan Tata Usaha ingkang
kinurmatan
Kanca siswa Kelas X, XI, XII . ingkang kula tresnani
Puji syukur dhumateng ngersanipun Alloh SWT ingkang sampun
maringi nikmat ugi hidayahipun dhumateng kita sedaya satempah wekdal punika saged ndugeni acara Halal Bi
Halal kanthi boten wonten alangan satunggalin punopo. Mugiya rawuh kita punika
wonten manfaatipun.
Shalawat ugi
salam mugiya tetep dipunparingaken dhumateng Nabi kita Muhammad SAW ingkang
sampun maringi pitedah datheng sedoyo umat manungsa satempah mangertos perbuatan ingkang sae lan awon ingkang kedhah
dipuntebihi. Mugiya kita sedaya kelebet umat beliau ingkang purun ngamalaken
ajaran Islam kelawan leres
Bapak / Ibu
Guru tuwin para rawuh ingkang kinurmatan,
Kita selaku umat Islam niki sampun nglampahi ibadah poso
salami setunggal wulan. Lan wekdal punika kita sampun ngrayakaken dinten
kemenangan inggih punika dinten riyaya idul fitri. Mugiyo kita dipundadosaken
Alloh SWT hamba ingkang beriman lan taqwa. Keranten niku mangga kita
sareng-sareng ngerenungaken ugi memperhatosaken Idul Fitri inggih menika dinten
ingkang mulya lan kathah berkahipun sehingga ing wekdal menika kita sedaya umat
Islam wonten keadaan suci lan bersih.
Pramila
saking punika kita ingkang nembe ngelampahi siam ramadhan, ugi sholat terawih
lan amalan sae lintu-lintunipun. Wonten dinten idul fitri menika kita bersih
saking pinten-pinten dosa kados si jabang bayi saking kandungan ibunipun.
Menikolah satunggal rahmat saking Alloh SWT, mila saking menika lajeng
tumeraping kita umat Islam sampun sak mestinipun menawi wonten ing dalem dinten
idul fitri menika kedhah bingah.
Bapak / Ibu
Guru tuwin para rawuh ingkang
kinurmatan,
Langkung-langkung malih, wonten ing wekdal menika kita
sedaya wonten ing tengah-tengah idul fitri. Kita sedaya kedhah ngatahaken
silaturahmi, nyambung sanak sederek. Kula pinangka wakilipun siswa-siswi SMA
Negeri 1 Kebumen ngaturaken agunging pangapunten dhumateng Bapak / Ibu Guru.
Kita siswa-siswi ugi ngrumaosi bilih sesambetan kita sedaya sadungunipun tamtu
kemawon kathah kalepatan. Awit saking menika, sumonggo kita sami nglebur dosa
lan kalepatan kita sedaya, sehingga kita wangsul suci malih.
Wasana cekap
semanten atur kula, mbok bilih kathah cewet kuciwaning atur, tuwin kiranging
tata trapsila tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum wr. wb