Jumat, 31 Mei 2013

Kumpulan Sesorah


1. Sesorah Perpisahan

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kula urmati, sumawana para putra-putra mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya. Saderengipun kula matur wonten ing ngarsa panjenengan, langkung rumiyin kula nyuwun agunging sih samodra pangaksama, awit kula kumawantun, ngadeg ing ngarsa panjenengan sami.
Alhamdulillah ing enjing menika kita sedaya saged kempal sesarengan ing kampus SMA N 10 ingkang kita remeni menika. Kita sedaya ngempal ing kampus menika nggadahi maksud utawi tujuan ingkang pokok, yaiku ngundhuraken para siswa kelas XII ing wulan April menika utawi luwih leresipun tanggal 22 dumugi 24 April tahun 2008 sampun ngrampungaken UNAS ingkang dados syarat utama kangge siswa SMA kangge ngelanjutaken ing jenjang luwih dhuwur.
Enjing menika, enjing ingkang ngerenyuhaken sanget kangge kita sedaya para hadirin. Menapa boten, ingkang slamanipun kita utawi teseh dados siswa mriki, kita kerep pethukan, sinau sareng, diskusi sareng, ing wayah sekedhap melih kita badhe pisahan. Nanging, kita kagungan pangajeng-ajeng supados perpisahan menika boten kita banjur “pedhot kekancan”. Supados kita teseh wonten rerembagan ingkang ageng kayata sakderengipun kita pisah.
Para rencang ingkang sedaya maksud lan tujuan dianaaken perpisahan menika botenn namung ngunduraken rencang-rencang kelas XII mawon, ananging luwih saking menika supados rencang-rencang tetep eling lan terus njagi rerencangan, inggih menika ing proses sinau utawi mlebet ing kegiatan sanes-sanesipun.
Para rencang ingkang badhe pisah menika, sejatinipun tugas para rencang menika luwih abot maneh, saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah dipunrampungaken. Mula kta kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon ongkang para erncang cita-citaaken saged dipuncapai. Boten namung kita mawon ingkang bangga menawi sukses, nanging Bapak lan ibu guru kita injih remen lan bangga.
Para sedherek sedaya, wayah saged damel kita sedaya saged kempal ing acara menika. Nanging wayah menika ugi ingkang misahaken kita sedaya. Kita namung saged mbales nggangge doa mugi-mugi sukses lan slamet lan mugi-mugi amal tuwin kesaenanipun para Bpak lan Ibu guru katampi ing sisihipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung.
Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kiranging atur mawantu-wantu kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

2. Sesorah Mangayubagya/Menerima Tamu pada Acara Pernikahan

Assalamu’alaikum wr.wb

Para sesepuh piniji sepuh ingkang satuhu kinabekten, para pepundhen ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung langkung dhumateng para pangemban – pamgembating praja ingkang pantes tinulad sinudarsana. sumrambah dhumateng para rawuh sadaya ingkang cinaket ing manah
Ngengeti panjenengan sadaya dalasan kula titah sawantah ingkang tansah kapurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken hangunjukaken puja – puji syukur wonten ngarsa Gusti ingkang murba ing dumadi, awit berkah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula satemah ing ari kalenggahan punika panjenengan sedaya lan kula saged kempal manunggal wonten ing dalemipun Bapa Tarmudi tan manggih rubeda tuwin sambikala.
Para rawuh ingkang satuhu sulistyaning budi.
Keparenga kula ing mriki minangka sulih sariranipun panjenengan bapa Tarmudi ingkang ri kalenggahan punika nembe hanetepi darmaning asepuh nuninggih amiwaha siwi putra putrinipun ingkang nama risang Bagus Jono jinatu krama kaliyan rara ayu Tumi atmaja putrinipun bapa Sadiman ingkang lenggah pidalem ing Klaten. Wondene tumapaking ijab qobul sampun lumampah kala wau enjing wonten ing Prambanan kanthi pranatan agami islam.
Wondene wosing gatos panjenengan sadaya katuran rawuh wonten ing dalem mriki boten sanes badhe kasuwun pangestunipun sambet kalayan hajatipun bapa Tarmudi Kalawau. Mugi-mugiya panjenengan sami kersa pianarak lenggah dumugi purnaning adicara punika. Lan Bapa Tarmudi nyuwun gunging samodra pangaksami awit saking papan palenggahan ingkang kasamudyaaken boten mranani dhumateng panjenengan.
Mekaten pepuntaning atur, jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi lepat nyuwun pangapura. Waduk gajah mungkur wanagiri, menawi wonten kladhuking atur nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamualaikum

3. Sesorah Pengetan Maulud Nabi Muhammad S.A.W

Assalamu’alaiku Warakhmatullahi Wabarakatuh

            Ingkang kula hormati bapak lurah utawi ingkang mewakili, bapak RT/RW minangka sesepuh, sarta bapak-bapak ibu-ibu kaum muslimin kalihan muslimat sedaya.

            Puji syukur mugi kunjuk dumateng Allah S.W.T ingkang sampun maringi kita kasempatan saengga kita saged makempal wonten acara menika. Sholawat sarta salam kita aturaken dumateng Nabi Muhammad S.A.W, keluarga, sahabat, mugi-mugi lumeber dumateng kita sedaya minangka pengikut Nabi Muhammad

            Saben taun, kita mengeti lahiripun nabi kita, Nabi Muhammad S.A.W. nabi Muhammad lahir wonten tahun gajah tanggal 12 Rabiul Awal. Lahir saking Ibu Aminah Bapakipun Abdullah ingkang sampun seda rikala Nabi Muhammad Lahir. Nabi Muhammad dipun mong simbahipun ingkang asma Abdul Muthalib lan paklikipun Abu Thalib.

            Nabi Muhammad nggadahi sifat ingkang sae. Inggih menika sidiq, amanah, fatonah, tabligh. Ingkang sedaya wau saged kita conto. Kita minangka umatipun kedah saged nderek ajaranipun Nabi Muhammad S.A.W. karana, sedaya piwucalipun tamtu leres.

            Kula nggadahi pangajab. Kanthi kita asring nganaaken pengetan punika, kita saged nderek ajaranipun Nabi Muhammad. Ajaranipun Nabi Muhammad saged kita conto wonten gesang kita sedaya.

            Cekap semanten atur kula. Mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani penggalih bapak lan ibusedaya, kula nyuwun pangapunten ingkang kathah.

Wassalamu’alaikum Warakhmatullahi Wabarakatuh

4. Sesorah Pangetan Sumpah Pemuda

Assalamualaikum wr.wb

            Bapak Kepala SMK N 1 Nanggulan ingkang kinurmatan,Bapak / Ibu guru ingkang kula hormati, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
            Langkung rumiyin sumaangga kula lan panjenengan ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan arupi kasarasan saengga ngantos wekdal punika kula lan panjenengan sedayansaged kempal manunggal kangge ngawontenaken adicara pengetan dinten Sumpah Pemuda wonten ing SMK N 1 Nanggulan.

            Sholawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW sarta para sedherekipun ingkang kita antu-antu syafa’atipun dumigi yaumul akhir samangke. Amin
            Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan , kula badhe caos atur sekedhik wonten pengetan sumpah pemuda menika.Dinten Sumpah Pemuda sampun maringi bukti bilih nagari Indonesia anggadahi tekad badhe nyawiji, nanging ing jaman sakmenika bangsa Indonesia sampan supe kaliyan sejarah perjuangsn para pahlawan, saengga sejarah tanggal 28 Oktober 1928 menika sampun anggadhahi faedah, kathah daerah badhe ngedekake nagari piyambak lan lajeng misahaken saking negari Indonesia.
            Mila, wonten pengetan Sumpah menika kita dadosaken panggrengseng semangat kita sedaya supados saged ningkataken payengkuyung pembangunan ingkang magepokaken kalian kepentingan pemuda dados generasi penerus bangsa. Kawigatosan kangge ningkataken pertumbuhan pemuda supados generasi bangsa kita kuat, sanes generasi ringkih.
            Pengetan dinten Sumpah Pemuda menika nggadhahi teges kangge saenipun kualitas lan nedahaken identitas jati dirinipun bangsa Indonesia. Bangsa ingkang ageng, berkualitas, berwibawa, lan bermatabat.Pemuda dipuntuntut kreatif lan inovatif kangge nglaksanakaken desentralisasi utawi otonomi daerah supados saged nglairaken kebrhasilanipun pembangunan nasional Indonesia ingkang maju,mandiri,demokrasi,lan adil.
            Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,cekap semanten atur kula mbokbilih wonten kalepatan anggen kula matur kula nyuwun agunging pangapunten.

            Wassalamualaikum wr.wb

5. Sesorah Halal Bihalal

Assalamu’alikum wr.wb

Bapak Kepala Sekolah SMA Negeri 1 Kebumen ingkang pantes sinudarsana
Bapak Pengurus Komite Sekolah ingkang pantes pinundhi
Bapak / Ibu Guru tuwin sedaya Karyawan Tata Usaha ingkang kinurmatan
Kanca siswa Kelas X, XI, XII . ingkang kula tresnani
Puji syukur dhumateng ngersanipun Alloh SWT ingkang sampun maringi nikmat ugi hidayahipun dhumateng kita sedaya satempah  wekdal punika saged ndugeni acara Halal Bi Halal kanthi boten wonten alangan satunggalin punopo. Mugiya rawuh kita punika wonten manfaatipun.
          Shalawat ugi salam mugiya tetep dipunparingaken dhumateng Nabi kita Muhammad SAW ingkang sampun maringi pitedah datheng sedoyo umat manungsa satempah mangertos  perbuatan ingkang sae lan awon ingkang kedhah dipuntebihi. Mugiya kita sedaya kelebet umat beliau ingkang purun ngamalaken ajaran Islam kelawan leres
          Bapak / Ibu Guru tuwin para rawuh ingkang kinurmatan,
Kita selaku umat Islam niki sampun nglampahi ibadah poso salami setunggal wulan. Lan wekdal punika kita sampun ngrayakaken dinten kemenangan inggih punika dinten riyaya idul fitri. Mugiyo kita dipundadosaken Alloh SWT hamba ingkang beriman lan taqwa. Keranten niku mangga kita sareng-sareng ngerenungaken ugi memperhatosaken Idul Fitri inggih menika dinten ingkang mulya lan kathah berkahipun sehingga ing wekdal menika kita sedaya umat Islam wonten keadaan suci lan bersih.
          Pramila saking punika kita ingkang nembe ngelampahi siam ramadhan, ugi sholat terawih lan amalan sae lintu-lintunipun. Wonten dinten idul fitri menika kita bersih saking pinten-pinten dosa kados si jabang bayi saking kandungan ibunipun. Menikolah satunggal rahmat saking Alloh SWT, mila saking menika lajeng tumeraping kita umat Islam sampun sak mestinipun menawi wonten ing dalem dinten idul fitri menika kedhah bingah.
          Bapak / Ibu Guru tuwin para rawuh ingkang  kinurmatan,
Langkung-langkung malih, wonten ing wekdal menika kita sedaya wonten ing tengah-tengah idul fitri. Kita sedaya kedhah ngatahaken silaturahmi, nyambung sanak sederek. Kula pinangka wakilipun siswa-siswi SMA Negeri 1 Kebumen ngaturaken agunging pangapunten dhumateng Bapak / Ibu Guru. Kita siswa-siswi ugi ngrumaosi bilih sesambetan kita sedaya sadungunipun tamtu kemawon kathah kalepatan. Awit saking menika, sumonggo kita sami nglebur dosa lan kalepatan kita sedaya, sehingga kita wangsul suci malih.
          Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih kathah cewet kuciwaning atur, tuwin kiranging tata trapsila tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum wr. wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar